DRAMA BAHASA JAWA


DRAMA BASA JAWA
ATIKU KESANGKUT DOMPETMU

Anggota
Arfan Amru Jihad                   (05)
Aurum Wanda Dewana (08)
Ifti Luthviana Dewi        (16)
Pandhu Prisnawan                  (25)
Rahma Wiranti Lestari  (27)
Kelas XII A2

SMA N 1 BANTUL
TAHUN AJARAN 2014/2015




Atiku Kesangkut Dompetmu

Wonten salah satunggaling desa inggih menika Desa Makmur, wonten keluarga ingkang gesangipun rukun lan sae inggih menika keluarga Bapak Wahono. Bapak Wahono kagungan putra naminipun Pandhu. Pandhu bocah ingkang sopan lan alus anggenipun ngendika, ananging amargi srawung kaliyan bocah urakan, Pandhu dados bocah ingkang ngeyel.

Bapak
:
“Le,,,Pandhu! Ndeneo sipek!”
Pandhu
:
“Ana apa Pak?”
Bapak
:
“Terno undangan iki nggone Pak Prapto ya Le.”
Pandhu
:
“Gah aku Pak, aku arep mancing.”
Ibu    
:
“Weleh….mbok ya nek karo wong tuo ki sik sopan.”
Bapak
:
“Ya uwis Bu, nek ora gelem ya orapapa.”
Ibu   
:
“Ora isa ngono kuwi Pak, cah enom sakiki wis akeh sik pada ora reti unggah-ungguh, aja nganti Pandhu melu-melu.”
Bapak
:
“Ya uwis…Ya uwis,,,rasah do ribut.”
            Boten langkung suwe, kancanipun Pandhu teka ngampiri.

Kunto
:
“Pandhu….!”
Pandhu
:
(mlayu mekdal saking griya) “Weh sipek yo bro aku njupuk kunci motor sipek.”
Kunto 
:
“Ya,,cepet ya bro!”
Kunto
:
“Ya, beres.
            Pandhu lajeng mlebet kamaripun mbakyune badhe nyambut kunci motor, amargi motoripun badhe dingge mancing.

Pandhu
:
“Mbak, aku jileh kunci motore!”
Wanda
:
“Arep nang ngendi?”
Pandhu
:
“Mancing.”
Wanda
:
“Wegah,mengko sore aku arep les.”
Priima
:
“Alah mbak…mbok ora pelit.”
Wanda
:
“Sapa sing pelit? Luwih penting les mbangane mancing.”
Pandhu
:
“Dilit wis.!”
Wanda
:
“Ya, nanging jam 4 mengko kudu wis bali!”
Pandhu
:
“Ya”
            Pandhu banjur metu saking kamaripun mbakyune, lajeng pamit kaliyan ibunipun.

Pandhu
:
“Bu, mancing” (sinambi lunga)
Ibu  
:
“Ealah….mbok ya nek pamit kuwi sing bener.”
Lia      Pandhu
:
“Kesusu!”
Ibu
:
(gedheg-gedheg)

       Pandhu lajeng mancing kaliyan kancanipun. Saking penakke mancing, Pandhu ngantos kesupen wekdal.

Pandhu
:
“Waduh lali aku.” (sinambi napuk bathukke dewe)
Kunto   
:
“Ngapa bro?”
Pandhu
:
“Sakiki jam piro?”
Kunto   
:
(Ningali jam tangan) “Jam setengah lima.”
Pandhu
:
“Waduh, aku sipek ya. Motore arep dinggo mbakyuku je.”
Kunto
:
“Lha ra sido mbakar iwak po piye Bro?”

Dereng ngantos dijawab, Pandhu lajeng lunga. Nalikanipun madosi kunci wonten sak, dompetipun kecer. Ananging Pandhu boten mangertos amargi kesesa.
Saksampunipun Pandhu lunga, wonten Ifti ingkang lewat dalan menika saking tumbas bumbu masak.

Ifti
:
(Mendhet dompetipun Pandhu) “Dompete sapa ya iki? Ah ya wis gawa mulih wae.”

 Saksampunipun wonten griya, Ifti lajeng nyaoske bumbu masakipun dhumateng ibu Nisah.

Ifti
:
“Bu, niki bumbunipun. Artane turah gangsal ewu.”
Ibu
:
“Oh ya. Duite tok pek wae Nok, nek tok nggo tuku LKS.”
Ifti
:
“Botensah Bu, kula sampun nabung kok kangge tumbas LKS.”
Ibu
:
“Ow ya wis nek ngono.”
Ifti lajeng mlebet kamar lan bukak dompet ingkang ditemu wau. Dompet wau wonten fotonipun ananging boten wonten identitas sinten ingkang nggadhahi dompet menika.

Ifti
:
(sinambi ningali foto wonten dompet) “Sapa ya iki? Bagus tenan.” (mesam-mesem)
Wonten griyanipun Pandhu, Pandhu bingung madosi dompetipun. Pandhu nyuwun pirsa kalih keluarganipun.

Ibu
:
“Kowe kui ngapa to Le? Ket mau kok mubeng-mubeng, apa sing ilang?”
Pandhu
:
“E…mboh Bu! Dompetku ilang.”
Ibu
:
“Loh lha adate le deleh neng ngendi?
Pandhu
:
“Ya neng sak, tapi mau tak tilekki wis ora ana.”
Ibu
:
“Coba takono mbakyumu.”
Pandhu
:
“Mbak, ngerti dompetku ora?”
Wanda
:
“Dompet apa to? Wong ya duwe dompet dewe-dewe kok ya ngributi wong liya.”
Ibu
:
“Oalah….mulakno nek deleh dompet ki ora sak nggon-nggon. Ning omah iki ora ana sik jupuk dompetmu.”
Pandhu
:
“Aargh…mboh.”
Wanda
:
“Sabar nggih Bu….”
Bapak
:
 “Ana apa iki?”
Wanda
:
“Dompetipun Pandhu ilang Pak, lajeng muring-muring.”
Bapak
:
“Ya wis rapapa. Jenenge wae lagi kelangan dompet. Wajar nek muring-muring.”
Wanda
:
“Pak, menawi Pandhu dipunleske matematika wonten nggene Bu Nisah pripun?
Bapak
:
“Loh loh loh…kok dadi matematika kepiye to?”
Wanda
:
“Pandhu nate cerita menawi boten saged pelajaran matematika. Bu Nisah niku tiyang ingkang ndemenakake Pak, mangke Pandhu ugi lajeng dipun ajari unggah-ungguh. Pripun Pak?”
Ibu
:
“Ibu setuju kuwi.”
Bapak
:
“Ya wis nek ngana. Nda, mengko ajaken Pandhu ning daleme Bu Nisah!”
Wanda
:
“Nggih Pak.”
Wayah sore, Wanda lan Pandhu lajeng sowan wonten dalemipun Bu Nisah. Ananging Pandhu boten mangertos badhe dipunajak wonten pundi.
Wanda
:
Tok…tok…tok…(Wanda ndodok lawang) “Assalamualaikum.”
Ibu
:
(Bikak lawang) “Waalaikumussalam. O…eneng tamu to. Mlebet rumiyin.”
Wanda saha Pandhu banjur mlebet wonten dalemipun Bu Nisah.
Wanda
:
“Kula Wanda Bu, niki Pandhu rayi kula.”
Ibu
:
“Ow…nggih. Niki putranipun Bu Nur to?”
Wanda
:
“Inggih Bu.”
Ibu
“Ifti….!” (Ibu Nisah dangu putrinipun)
Ifti lajeng mekdal. Ananging Ifti kaget lan campur seneng amargi ketemu Pandhu inggih menika tiyang ingkang wonten foto.
Ibu
“Niki putrinipun ibu, naminipun Ifti.”
Ifti banjur salaman  Wanda lan Pandhu.
Ibu
:
“Nok, tulung jupukno wedhang yo kanggo Mas Pandhu karo Mbak Wanda”
Ifti
“Nggih Bu…”
Ifti banjur mlebet nyepakkaken wedhang saha camilan kangge Wanda lan Pandhu.
Wanda
:
“Sowan kula wonten ngriki badhe ndaftaraken Pandhu les matematika.”
                     (Pandhu kaget, ananging badhe nolak boten wani amargi deweke nembe mertamu)
Ibu
“Ow,,ngana to…Nggih.”
Ifti lajeng mekdal nyuguhke wedang lan camilan lajeng mlebet malih.
Wanda
:
“Dadosipun pripun Bu?”
Ibu
:
“Ya,sesuk Senin jam 2 lekase.”
Wanda
:
“Ow nggih. Gendeng sampun cekap, kula lan Pandhu badhe pamit rumiyin.”
Ibu

“Weh, lah kok kesesa, diombe sikek.”

            Wanda lan Pandhu ngunjuk lajeng pamitan kalih ibu Nisah.

            Nalikanipun Pandhu nembe dolan kalih kanca-kancanipun, Pandhu nyritakaken kedadean menika.

Pandhu
:
“Cah, mosok aku didaftarke les matematika to.”
Kunto
:
“Apa? Hahahaha…”
Kunto
:
“Ket kapan kowe les matematika ki? Hahaha…. Awakdewe ki anak punk men! Suwe-suwe kriting rambutmu nek les matematika. Mosok anak punk rambute kriting. Hahaha….””
Pandhu
:
“Asem!!! Malah do nggeguyu aku.”
Kunto
:
“Salahmu dewe gelem dileske.”
Pandhu
:
“Tak kira mbakyuku arep ngewangi aku goleki dompet. Eh….jebule kuthuk marani sunduk.”
Kunto
:
“Ya wis bro….aku ngewangi goleki dompetmu kok.”
Pandhu
:
“Wah kowe pancen sohibku paling josss!”
            Dinten Minggu sampun kalampahan, sakniki dinten Senin, Dinten ingkang dipuntunggu Ifti kangge mbalekaken dompetipun Pandhu.

Ibu N
:
“Kuwi mau materine, sakniki coba soal iki garapen.”
Pandhu lajeng garap soal ingkang dipunparingi kaliyan Bu Nisah.
Pandhu
:
“Niki Bu, sampun.” (sinambi maringke garapanipun Pandhu)
Ibu N
:
(Mriksa garapanipun Pandhu) “Iki wis bener, kurang nulis rumuse neng duwure. Yo wis, gandeng wis sore sakiki dipungkasi wae.”
Pandhu
:
“Nggih Bu, gandeng sampun cekap kula pamit rumiyin. Assalamu’alaikum.”
Ibu
:
“Waalaikumussalam.”
            Nalikanipun Pandhu metu omah Ifti sampun ngenteni wonten jobo.

Ifti
:
“Pandhu,,.”
Pandhu
:
“Eh, Ifti, ana apa?”
Ifti
:
“Aku arep takon.”
Pandhu
:
“Yo.”
Ifti
:
(Nduduhaken dompet) “Iki dompetmu duduk Pandhu?”
Pandhu
:
(Gumun) “Iya bener. Kok iso eneng neng gonmu?”
Ifti
:
“Aku nemukake neng dalan cedak kali.”
Pandhu
:
“Ow iyo..aku lagi kelingan nek aku dek emben mancing.”
Ifti
:
(Maringke dompetipun marang Pandhu) “Maaf geh, wingi aku durung sempet menehke dompet kuwi.”
Pandhu
:
“Ora papa kok. Nuwun nggih.”
Ifti
:
“Nggih.”
            Ifti lan Pandhu lajeng mantuk. Sakwise ngertos menawi Ifti bocah kang becik, Pandhu dados bocah ingkang becik ugi.Kanca-kancane ingkang badhe ngewangi goleki dompetipun Pandhu malah boten ketemu lan Pandhu boten srawung kalih kanca-kancanipun ingkang boten sae rumiyin.

Yuk Mari diorder

whoohoyyyyyy udah tanggal 20 Mei 2015. Artinya saya sudah melewati 09 Mei 2015 dengan baik. Alhamdulillah yeah, walaupun hati belum tegar memilihnya :"

aplot ah, cuss

Anda Berminat? hubungi pin 758bc82b
Atau Instagram instagram.com/ifvectors atau instagram.com/iftyluthviana
mumpung baru promo awal bukak lapak di inet nih
Wedhas Pop Art Potrait
WPAP
WPK
Vectors
Pop Art





WPAP / Wedhas pop Art Potrait



Curhat dulu, hari ini tanggal 1 mei 2015, oke tinggal hitungan hari lagi tanggal 9 mei 2015, 
iya, itu tanggal dimana akan diumumkan sesuatu yang nentuin masa depan, SNMPTN :''(





 Dinda Silviana Dewi





SELESAI UN nih

Selamat siang,
duh lama nggak ngepost, akhirnya UN udah dilalui dengan alhamdulillah lancar, walaupun H-sebulang udah sibuk les minta ampun, walaupun tersebar isu isu bocoran soal unas, alhamdulillah aku nggak dapet bocoran dan ngerjain pakek kemampuan sendiri yah walaupun susaaaaaahhhhhh bangettttttt, disitu juga merasa bersyukur  iri kalau temen temen sekolah lain udah dapet bocoran unas, aku baru tau malah selesai un, nggakpapa lah ya, suatu saat yang jujur bakalan mujur, bukan ajur.
oke, sekarang nih lagi liburan panjangggg banget, yah sekitar 4 bulanan lah, sebulan nungguin pengumuman snmptn sih, habis itu baru mikir sbmptn. nah siangsiang begini bawaannya ngalamun aja, pikiran jadi kemanamana, jadi galau inget mantan deh, ups enggak deng. daripada mikir gituan mending ngehidupin pc terus bua corel seharian, sampai sampai jam 1 siang gini gue belon mandi. yaampuuun bukan karena keset juga, tapi bosen ama gerakan mandinya hhh, nggakdeng.
lihat dan nikmmatin aja, namanya juga art! yang dibutuhkan itu apresiasinya

WPAP ATAU WPK
Wedhas Pop Art Potrait
namanya juga pemula
Mbak Dess


 vectorart


 pertamakali nggambarin wajah temen ane yang jomblo dari lahir, temen menjones, temen njailin adek kelas, temen sekelas, temen seperjuangan, temen surhat, Aurum Wanda Dewana






Muhammad Sidiq Prabowo
yang ini fail banget emang, mukanya jadi kayak badu-ke banci bancian gitu deh

Habis nulis ini belajar deh, janji

astaga, begini ya rumitnya jadi anak kelas 12 yang bentar lagi mau lulus.
banyak pikiran, mikirin snmptn, mau kuliah kemana, bingung cita-cita, nilai rapot nggak ndukung cita-cita, milih univ mana, ikatan dinas apa yang negri... yah begitulah yang dipikirkan dalam snmptn, padhal masih banyak lagi yang harus dipikirin, ngejar materi tryout, tiap minggu tryout, siangnya pelajaran sorenya les, oh may god , alhamdulillah masih bisa merasakan suasana seperti ini sama temen temen XII IPA 2 sabayouth'49 015.

di waktu senggang gini, enaknya buat refreshing aja, bukak blog lah, lama ngak bukak udah cawangen gini, aplot apa ya? masak ngeluh terus...
eh pas lagi ngetik ini, Rora dateng dan ngira yang enggak enggak.

ini ajadah
 Mbak Dessy, kakak ane yang tinggal di Bekasi

Letda inf Febry Rizkyanto SIP
bestiest dari lahir hahha, semoga namanya jadi kenyataan, tak tungguin vroh

Ucapan ultah kemaren, 22/02/015 yang ke 17
katanya aku yang jadi the first and the last nya yang ngucapin, nes nget deh :D
Semangat ya, berjuang bareng {}


Katanya, kamu Manusia Harimau ya?


babeeh gue


ini mah adek kelas yang kerjaannya nggerongin kakaknya muluk, iq nya bermasalah, pagi pagi meksa suruh bikinin, kapok ra koe, salae mekso, dadine eleke sakpole


Tauk deh siapa, suruh buatin 
*ampun kak

Anak 12 lagi nge trend ya ngganti foto profil akun apapun pake foto ijazah, biar keliatan nek kelas 12 -___-


Guess who? hahaha

karya WPAP 2

okay fans, there are many hasils keseloan sebelum tryout melanda kelas 12 Sabayouth015
dont forget to follow my instagram instagram.com/iftyluthviana 
atau search @iftyluthviana in your instagram

udah pernah diupload di twitter sih ya, nggakpapa lah




vector njiplak



KARYA WPAP 1

Udah lama tidak post apapun, baru sibuk Try Out, maklum anak kelas XII SMA haha...
Okay, kali ini mau ngepost karya WPAP ifti yang ifti buat pada waktu waktu senggang sebelum disibukkan sama sekumpulan soal-soal dari bimbingan belajar dan sekolahan.
Dibuat khususon temen ifti selfie, temen sekelas 2 taun, temen ngecengin adek kelas, temen buat menggila dikelas. ini buat kado ultahmu ya, besok Januari entah tanggal berapa, semoga kamu buka web ini :D



Jangan lupa follow instagram ifti ya, buat karyakarya yang lain :* instagram.com/@Iftyluthviana





yang ini versi 2


Yang ini versi 3 


vectornya njiplak aja


nggak mirip ya? biarin, namanya juga kreatifitas, seni itu terserah senimannya :D


Ads