CERKAK BASA JAWA - Bondo Iku Ora Penting

Sedang menata file di pc, nemu ginian waktu sma. 
dari pada saya hapus, mending di post siapa tau jadi amal jariyah wkwkwkw


 IFTI  LUTHVIANA DEWI
16 / XI IPA 2
SMA NEGERI 1 BANTUL

Bondo Iku Ora Penting
Taun baru iki, kanca-kancaku lawas lan aku padha kumpul ing ngomahku. Deweke crito bab kaluwargane dhewe-dhewe.
“Lanek Mami ku kae seneng nukoake aku sepatu sing larang”. Kandhane Sita karo ngombe wedang jus gaweane Simbokku.
“Ulang taunku wingi kuwi Mami numbaske aku sepatu regane sangangatus ewu”. Teruse Sita.
“Wah larang banget kui Sit”, jawabku melu seneng.
“Beda meneh karo aku Sit”, celathune Lola. “nek Papaku senengane gonta-ganti mobil sik dianggo ngeterke aku sekolah”.
“Weleeeeh”, aku rada meri tur nggumun. Lha iya wong wong tuane do sukses kabeh kok. Bedo karo kaluargku sik tetep ana ndesa dadi tani.
“ganti mobile ben tahun ping piro Lol?’, pitakonku meneh penasaran.
“sesai ping pindho”, wangsulane bungah lan bangga karo wong tuwane. Kanggo Lola kang wong tuwane nyambut gawe ono kantor pajek, gonta-ganti mobil sesasi ping pindho yo ora patiya abot.
“Nek kowe piye Ndha Nandha?” ganti pitakonku karo kancaku Nandha.
“nek aku plesir”, Nandha mangsuli pitakonku.
“Plesir? Nangendi? Bali, Jakarta, Bangka Utawa NTT?”, pitakonku meneh.
“Yaa, Plesir nang Luwar Negeri, Paris, Thailand, lan Singapore. Taun wingi pas aku ulang taun, aku diajak plesir Papi ku nang Paris”, kandhane Nandha umuk banget.

Sahenggo senenge kanca-kanca lawasku iki karo wongtuwane. Kabeh padha turah dhuwit, mula sakpanjalukke bias terwujud. La nek aku? Di tukokake motor siji wae kredit urung lunas, opomeneh ddhuwe mobil nggo plesir.
Sawise kanca-kancaku padha bali saka omahku ngrayaake taun baru iki, aku mberesi gelas-gelas digawa nang pawon, banjur asah-asah. Banjur Simbokku reresik lan mberesi ruang tamu sik ukurane lumayan cilik iki sing dianggo njamu kanca-kancaku sik sugih-sugih mau kae. Pas lagi asah-asah aku nyambi mbayangake upama wong tuwaku sugih, terus kepinginanku opo-opo keturutan. Sakwise kui Simbooku ngajak aku leren ing ruang tamu. Koyo-koyo reti sik tak pikirke mau, Simbok banjur ngendika……
Simbok     : “diapuro ya Ndhuk”
Aku          : “Diapuro menapa ta mbok, Simbok boten salah menapa-menapa kok ngendika ngonten niku”
Simbok     : “Anu”
Aku          : “Panjenengan ngendika njaluk ngapunten, bab menapa ta Mbok?”
Simbok     : “Aku mau krungu omong-omonganmu karo kancamu mau Ndhuk”
Aku          : “Lejeng menapa Mbok?”
Simbok     : “Diapura yaaaaa, nek kanca-kancamu kui do sugih-sugih, lan cerita bab sik endah-endah”
Aku          : “Endah pripun ta Mbok”
Simbok     : “Ya ulang taune ditukokake sepatu larang, gonta-ganti mobil jemputan, utawa plesir ing luar negeri”
Aku          : “ Kula boten masalah kok Mbok”
Simbok     : “Aku reti Ndhuk nek kowe yo kepingin kaya kanca-kancamu sik sugih lan apa-apa keturutan”
Aku mung meneng wae.
Simbok     : “Nukokake motow wae kredit Ndhuk, opomeneh arep plesir nang luar negeri. Iso-iso awakdewe iso ora madhang setaun Ndhuk”
Aku          : “ Ngapunten Mbok, sanajan Simbok lan Bapak naming petani, nanging becik bab tumindakipun”
Simbok     : “Maksude opo Ndhuk?’’
Aku          : “Simbok kedah mangertos, menawi sik Simbok ngendika wau pancen leres menawi kanca-kanca kula niku sugih-sugih, ananging……………..”
Simbok     : “Ananging piye Ndhuk?”
Aku          : “Bapake Nandha niku disangka korupsi ing kantor pajak papan kerjone”
Simbok     : “Bener kui Ndhuk?”
Aku          : “Inggih Mbok, bapake Nandha niku sik asring ana ing berita TV niko lo Mbok”
Simbok     : “Weh iyo to, walahhh”
Aku          : “Uga Ibune Sita niku skniki sampun di PHK amargi konangan ngapusi Juraganipun. Lajeng Bapake Lola niku sampun tau slingkuh kalih skretarise”
Simbok     : “Walahhhhhh, kabeh mau mung sandiwara to. Kanyatane kanca-kancamu ora luwih mulya saka aku”
Aku          : “ Inggih, kula nggih kaget kok Mbok wau sakderenge kanca-kanca kula mantuk semet curhat ngonteniku wau rumiyin”
Simbok     : “OOOO walah”
Aku          : “ Sanajan Simbok mboten numbaske sepatu larang, mobil, utawi plesir ing luar negri, kula sampun seneng kok Mbok”

Sakwise kuwi, aku sadar. Nek kasih saying lan kajujuran ing kaluarga kui luwih penting seko harta lan bondo.














No comments:

Ads