Teks Pranatacara Acara PERPISAHAN KELAS

 PERPISAHAN  KELAS IX

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah saha Bapak Ibu guru ingkang kula hormati, Bapak Ibu wali murid, tamu undangan ingkang kinurmatan, para kanca/kadang nunggal pawiyatan ingkang sutresna. 

Langkung rumiyin mangga kula dherekaken muji syukur dumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT, ingkang sampun kepareng paring kanugrahan ingkang arupi kasarasan, sehengga ngantos wekdal menika panjenengan sedaya dalasan kula, saged ngrawuhi acara Perpisahan Kelas IX  SMP  Tunas Muda Tahun 2012/2013

Bapak Kepala Sekolah tuwin Bapak Ibu  guru ingkang dahat kinurmatan kula ingkang kadhapuk mingangka adicara, langkung rumiyin badhe ngaturaken menggah urut reroncening adicara ingkang sampun rinacik dening para kadang panitia.

1.      Adicara ingkang sapisan Pambuka.

2.      Tanggap wacana saking Bapak Kepala Sekolah.

3.      Tanggap wacana saking wakil kelas IX.

4.      Tanggap wacana saking wakil kelas VII/VIII.

5.      Panutup donga.

Bapak Ibu tamu undangan ingkang kinurmatan, mekaten urutaning adicara ingkang badhe lumampah ing wekdal menika. Bapak – ibu guru, raka kelas IX dalasan para kanca sumangga adicara punika kawiwitan kanthi maos basmallah sesarengan. Sumangga

=====================Waosan Basmallah =================================

Ngancik  adicara ingkang kaping kalih inggih menika Tanggap wacana saking Bapak Kepala Sekolah, ingkang menika dumatheng Bapak Suradi, M.Pd.  minangka Kepala Sekolah sasana pangandikan mugi katur.

================== Tanggap wacana saking Bapak Kepala Sekolah================

Matur nuwun dumatheng panjenenganipun Bapak Suradi, M.Pd.

Adicara ingkang kaping tiga inngih menika Tanggap wacana sakil wakil kelas IX, dhumateng sederek Adam kasumanggaken.

===================Tanggap wacana saking wakil kelas IX=====================

Matur nuwun dhumateng sederek Adam.

Adicara ingkang kaping sekawan inngih menika Tanggap wacana sakil adik kelas wakil kelas VII/VIII, dhumateng sederek Bimo kasumanggaken.

==================Tanggap wacana saking wakil kelas VII/VIII==================

Matur nuwun dhumateng sederek Bimo.

Salajengipun adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup minangka pranatacara ing adicara dinten menika, mbok bilih kathah kalepatan atur, kula nyuwun agunging  pangaksama.

Mingangka pratanda raos panuwun, ing pungkasan adicara menika, sumangga kita ngaturaken Puji Syukur dumatheng Gusti Allah SWT, kanthi sesarengan maos Hamdallah, Sumangga.

=================          Waosan Tahmid    =================================

Ing wasana cekap semanten. Sugeng kondur mugi-mugi tansah rahayu ingkang sami pinanggih.

No comments:

Ads