NASKAH MC SRIPAH BAHASA JAWA RINGKAS

 

MC SRIPAH

 

Assalamu alaikum Wrwb.

Bismillahirroma nirrohim, Alhamdullilahi robbil alamin, washolatu wasalamu “ala asrofil amyai war mursalim, waala alihi wasahbihi a’main. Ama ba’du.

 

Ø  Panjenenganipun para Alim, para Ulama ingkang rinten saha dalu tansan sinandhing kitab suci wahyuning Illahi pinangka kiblating panembbah, ingkang kula dhereki

Ø  Panjenenganipun para Pinisepuh, saha Sesepuh ingkang pantes kula bekteni

Ø  Poro pangembating projo satriyaning negari ingkang kinaryo pandam pandoming sedoyo poro kadang, ugi pangembat,  pangemban, soho pangayomaning kawulo dasih, ingkang sami kagungan watak mengku – hamengku-hamengkoni, soho kasinungan watak Ing ngarso tun tulodho, Ing madyo mangun karso, Tut wuri handaani, ingkang tansah sinobeng pakurmatan.

Ø  Ugi kulo aturaken dumateng poro tamu pambela sungkawa kakung miwah putri, ingkang pantes nampi pakurmatan.

 

Gegandhengan wedal sampun ndungkap, menopo dene sedaya sampun samekto, pramila acara hangkating layon Almarhumah Nyai Ngadikem badhe kawiwitan.

Langkung rumiyin keparenga kula aturaken menggah urut-urutaning adicara mekaten :

-          Sepisan Pambuka

-          Kalajengaken atur pambagya harja saha atur panuwun saking ingkang nandhang duhkita

-          Sasampunipun atur pambagya harja, kauwun panjenenganipun Bpk .............ngaturaken pamiting Jenazah.

-          Sapurnaning pamiting Jenazah, kasuwun Bapak................ paring Do’a pinangka sangu dhumateng Jenazah sowan Ngarsa delem Allah SWT.

-          Acoro ingkang pungkasan panutup.

Menaten menggah urut-urutaning acoro ing upacara hangkating layon  siang meniko.

 

Poro Tamu pambelo sungkowo ingkang tansah kinurmatan.

Monggo acoro ing siang meniko kito awiti kanthi dedonga. Dhumateng Ingkang ngrasuk agami sanes Islam kasumanggak aken, dene ingkang ngrasuk agami Islam monggo kulo dherekaken kanthi maos Umul Kitab Alfatihah. Sumonggo.

Dedonga cekap. Matur nuwun.

 

Acoro sak lajengipun, atur pambagyo harjo saha atur panuwun dening ingkang nandhang duhkito, ingkang samangke dipun salirani panjenenganipun Bapak Sutarjo, pinongka kepala Dusun Ngupit Patalan. Wedal kaaturaaken, sumonggo.

             

            Acara salajengipun inggih puniko pamitipun jenazah ingkang dipun salirani panjenenganipun Bapak................ Wedal soho papan kasumaanggakaken.

Dhumateng panjenenganipun kaaturaken agengi panuwun.

 

Poro Tamu pambelo sungkowo ingkang tansah kinurmatan.

Kagem sangu anggenipun Jenazah Almahumah Nyai Ngadikem sowan dhumateng Allah SWT, pramilo keparenga panjenenganipun Bpk.......... kersa mangarsani paring Do’a.

Dhumateng Panjeneganipun, kasumanggakaken.

 

Para Tamu Pambela sungkawa ingkang tansah kinurmatan,

Acara setunggal lan setunggalipun sampun lumampah.

Kantun acara ingkang pungkasan inggih puniko panutup.

Nanging sakderengipun panutup, mbok bilih anggen kulo nderekaken acoro ing siang meniko kaanggep lepat, kulo nyuwun sih samudro pangaksami.

Monggo acoro kito tutup kanthi waosan Alhamdulillahi robbil alamin.

Wedal sak lajengipun kulo aturaken dhumateng  Kaaum Rois ing dusun mriki. Dhumateng Bapak Marjuki kasumanggakaken.

Wassamu alaikum WRWB.

 

 

No comments:

Ads