SOAL PAS SEMESTER 1 KELAS 7 BAHASA JAWA

 1. Mlaku ing sangarepe wong tuwa kang lagi lenggahan prayogane kanthi matur .... *

A. “Nuwun sewu kula ndherek langkung”

B. “Nuwun sewu kula ngrumiyini”

C. “Nuwun sewu ndherek miyos”

D. “Nuwun sewu ndherek liwat”


2. Unggah-ungguh kang trep nalika sliramu mlaku ing dalam arep nglancangi ibu guru kang uga tindak yaiku .... *

A. Mangga Bu!

B. Mangga Bu kula riyin nggih!

C. Nuwun sewu Bu, kepareng kula ngrumiyini!

D. Nuwun sewu Bu, kula badhe tindak riyin nggih!


3. Paragraf kanthi basa krama kang trep yaiku .... *

A. Saben dinten Minggu kula sowan dalemipun simbah ing Banguntapan. Simbah kula lenggah ing Banguntapan kaliyan Bulik Tiwi. Kula remen sanget sasampunipun kepanggih simbah.

B. Saben dinten Minggu kula tindak ing dalemipun simbah ing Banguntapan. Simbah kula lenggah ing Banguntapan kaliyan Bulik Tiwi. Kula remen sanget sasampunipun kepanggih simbah.

C. Saben dinten Minggu kula rawuh ing dalemipun simbah ing Banguntapan. Simbah kula lenggahing Banguntapan kaliyan Bulik Tiwi. Kula remen sanget sasampunipun kepanggih simbah.

D. Saben dinten Minggu kula tindak ing griyanipun simbah ing Banguntapan. Simbah kula lenggah ing Banguntapan kaliyan Bulik Tiwi. Kula remen sanget sasampunipun kepanggih simbah.


Aku kepengin pinter, mula aku sinau kanthi tenanan. Sakliyane iku aku uga melu tambahan wulangan ana ing papan liya. Wong tuwaku uga asring mundhut buku-buku kang dianggo wulangan ing sekolahanku. Bapak ibuku ora owel cucul ragad kanggo nggayuh supaya klakon pepinginanku. *

4. Paribasan kang trep kanggo nggambarake wong kang kepengin pinter kudu gelem cucul ragad yaiku ....

A. Becik ketitik ala ketara

B. Jer basuki mawa beya

C. Ajining dhiri dumunung ana ing lathi

D. Sadumuk bathuk sanyari bumi

No comments:

Ads